Sentra Media Id
Mediane Wong Jowo
Kondisi terkini Jalan Jogja–Wonosari wilayah Bokong Semar pasca kecelak**n truk tronton terguling, Minggu (24/05/2026). Neng video ketok kondisi dalan dadi kebak debu akibat material teko truk sing tumpah.
Pangguna dalan diimbau luwih ati-ati wektu liwat wilayah iki mergo kondisi dalan isih cukup semrawut lan pandangan bisa keganggu debu.
Video : merapi_uncover & gunungkidul.update
Tim Resmob nguber lan berhasil ngamanake terduga pelaku kasus penganiay4an marang salah siji wanita sing jenaz*he ditemokake neng Jalan Sholeh Iskandar, Simpang Yasmin, Bogor.
Saiki penyidik isih nindakake pemeriksaan marang pelaku lan ngumpulake sawetara barang bukti kanggo proses penyelidikan luwih lanjut.
Video : sekitar_bogor
Jumat bengi, 22 Mei 2026, ono kedadeyan truk muatan lele tumpah neng SPBU Cokro Tulung, Klaten. Kedadeyan iki diduga akibat terpal truk robek nganti lele berserakan neng sekitar pom bensin.
Untunge warga lan petugas pom langsung gercep mbantu evakuasi lele-lele sing rutuh supaya ora akeh sing mati.
Video : kantorpos_al.arkhan
Kecelak**n sing melibatno bus kedadeyan nang Jalan Majapahit, Kecamatan Pedurungan, Kota Semarang, Sabtu dini hari (23/05/2026) sekitar pukul 01.15 WIB.
Nang video sing beredar, bus katon nabr*k pembatas dalan nganti bagian ngarep kendaraan ngalami kerusakan cukup parah. Kedadeyan kasebut sempat narik perhatian warga lan pengguna dalan sing liwat nang lokasi.
Nganti saiki durung dingerteni penyebab pasti kecelak**n lan ono ora e korban nang insiden iki. Pengguna dalan diimbau tetep ati-ati, utamane wektu berkendara bengi nganti dini hari supaya terhindar teko kedadean serupa.
Video: infosemarangduaempatjam
Aksi pocong jadi-jadian lagi viral nang berbagai daerah. Pelaku diduga nggunakno kostum pocong kanggo medeni warga terus nggasak barang berharga sing ditinggal pemilik omah mergo panik lan keweden.
Nang Pasuruan, Jawa Timur, warga sing isih melek berhasil mbekuk pelaku pocong jadi-jadian tersebut. Video penangkapan iki banjur ramai nyebar nang media sosial.
Video: c35channel
Salah siji mbah mbah dadi sorotan sakwise ketok atraksi pas nyetir sepeda motor. Nang video, mbah e nyetir sepeda motor motor nganggo sikil.
Aksi iki langsung narik perhatian warga lan netizen amarga dianggep mbebayani kanggo awake dhewe lan pengguna dalan liyane.
Pengendara diimbau supaya tetep ngutamakke keselamatan lan ora niru aksi sing berisiko nang dalan raya.
Video: napzairadika705
Warga Dusun Sange Mangge, Teluk Kembang, Kecamatan Teluk Keramat, Sambas, berhasil nangkep seekor buaya kanthi bobot diperkirakan kurang luwih 500 kilogram.
Proses penangkapan buaya kasebut langsung narik perhatian warga sekitar lan ramai dibahas nang media sosial sawise videone nyebar.
Video: liputanpontianak
Kedadeyan kecelak**n dilaporke kedadeyan nang ngarep RS Panti Nirmala, Malang, Selasa (20/5/2026) sekitar pukul 10.00 WIB.
Detik-detik kejadian kasebut ketok jelas nang rekaman CCTV lan saiki ramai dibahas nang media sosial.
Sing salah sopo rek?
Video: afif_farhan28
Dilaporno isuk iki sekitar pukul 07.40 WIB kedadeyan kecelak**n antar sepeda motor lan mobil nang wilayah Gatot Subroto Barat, Denpasar.
Korban wanita pengendara motor sempat ora sadar lan ngalami luka-luka. Saat iki korban wis nang penanganan petugas lan dievakuasi menuju rumah sakit.
Video: dewasugama
Massa nggelar aksi damai terkait persoalan akses dalan Bendungan Lahor, Rabu (20/5/2026). Aksi tersebut berlangsung nang ngarep Kantor DPRD Kabupaten Malang.
Nang video sing beredar, peserta aksi katon nggawa sejumlah tuntutan marang pemerintah lan pihak terkait soal akses dalan wilayah tersebut.
Aksi berlangsung kanthi pengawalan petugas lan sempat narik perhatian warga sing melintas nang sekitar lokasi.
Video: malangmedia
Hujan deres meh 3 jam sing ngguyur wilayah Pandaan gawe dalan nang Simpang 4 Taman Dayu Exit Tol Pandaan tergenang banyu, Selasa sore (19/05/2026).
Genangan tersebut nyebabno sebagian kendaraan mogok pas liwat lokasi. Arus lalu lintas nang sekitar area yo sempat terganggu mergo banyu nutupi badan dalan.
Pejabat Pembuat Komitmen Balai Besar Pelaksanaan Jalan Nasional (PPK BBPJN) Jatim-Bali, Rizka, nerangno yen banjir kasebut akibat luapan saluran banyu teko area persawahan lan kampung warga sing nyatu karo saluran nang pinggir dalan nasional.
Pihak terkait nyebut kondisi tersebut saiki isih dalam tahap evaluasi.
Video: sudutpandaan
Click here to claim your Sponsored Listing.
Category
Telephone
Address
Malang
Opening Hours
| Monday | 08:00 - 20:00 |
| Tuesday | 08:00 - 20:00 |
| Wednesday | 08:00 - 20:00 |
| Thursday | 08:00 - 20:00 |
| Friday | 08:00 - 20:00 |
| Saturday | 08:00 - 20:00 |